Kamis, 24 November 2016

                        Mancing Perkara

     Ing dina senen aku karo kanca kanca kancaku mbolos sekolah amerga wis semayanan kate mancing. Aku karo kanca kancaku langsung budal nang jublange wong. Ing perjalanan aku lan kanca kancaku numpak sepeda bleyar bleyer. Gara gara bleyar bleyer aku karo kanca kanca dibragali wong ambi krai. Aku langsung tiba gara gara krai sing dibragalno pas kenek ndasku. Aku akhire ndelosop ing kalenan. Senajan aku ndelosop, aku tetep seneng amerga ing kunu akeh cacinge. Cacinge terus tak klumpukno gawe umpan iwak. Terus aku karo kancaku budal nang jublang.
     Suwe titik aku karo kanca kancaku totok ing junblang terus langsung mancing. Oleh 15 menit ngenteni aku oleh yuyu kangkang guwede terus kancaku sing jenenge Jepri oleh kodok ijo. Aku karo kanca kanca sueneng amerga wis oleh yuyu ambek kodok. Gak suwe umpane Furqon obah obah, tibane pas dibatek oleh welut. Pas mbatek welut Furqon kurang titik kejegor jublang, slamete onok Jepri sing mbatek Furqon. Furqon sueneng oleh welut.
     Mari Furqon oleh welut ganti Farid sing umpane dipangan iwak. Sanganane gedhe soale pancinge sampek melengkung, dadakno pas dibatek Farid oleh sapi wedok,tibane teng mriku onok wong ngedusi sapi. Sakmarine mancing  aku karo kanca-kanca moleh nang omahe farid . Ing omahe farid aku karo kanca-kanca nunuh yuyu,welut ambek kodok ijo . Sakmarine mateng langsung digadoh rasane uwenak tapi sakmarine gadoh aku karo kanca-kanca keroken amergo keroken kanca-kanca mulih istirahat ing omahe dewe-dewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar