TUGAS BAHASA JAWA
CERKAK
WIWITAN MELBU
SEKOLAH SMA
![]() |
UPTSP SMAN 1 DAWARBLANDONG
TAHUN PELAJARAN 2016-2017
·
ERWIN
YUSTIA NINGRUM / 07
·
INDRIANI
SAPTA L / 10
·
SITI
CHOIRU ADAH / 30
·
SITI
NUR FADHILA / 31
CERKAK
“ wiwitan melbu sekolah SMA “
Sakwise SMP mesti banjur nglanjutaken nang SMA. Lulus saka SMP
aku kudu nggolek sekolah kanggo mbanjur kepamulangan menyang jenjang sing
luwih dhuwur yaiku SMA. Wektu ikuakubingungarepneruskesekolahnang SMA
ngendi.Tapisakdurunge lulus akuwesduweangananganarepsekolahnang SMAN 1
Dawarblandong. Terus pas wes lulus smpakulangsungcobadaftarnang SMA
Dawarblandong, orangirolekakuisomelbumrunu, pas delokdaftarsopoae sing
melbucalonsiswa SMA.
Dawarblandong ternyata tenanan aku melu kecateting daftar ikumau.
Atiku yo bungah amarga sekolah sing taka ngana ngan ket biyen SMP,
orangiro lek aku iso melbu mrunu.
sakwise melbu SMA,
teka kakak osis ngadakno acara MOS. Aku di kongkon gawerok teka tali rafia,
gawe topi teka bola, gawe papanjeneng teka kardus aqua lan gawe tas teka kardus ale ale,
teh rio. Wektu pembukaan upacara penerimaan siswa anyar, syarat syarat sing
di kongkon kakak osis iku mau kudu digawe kabeh kaet ndok omah,
amarga aku isin lek gawe properti koyok iku mau kaet ndok omah dadi pas kate totok sekolahan
SMA aku baru gawe properti sing dikongkon kakak osis iku mau.
Dadi pas
ndok dalan arep totok sekolahan kanca kanca kabe hp ada gawe properti sing dikongkon kakak osis iku mau.
Masio pas ndek dalan iku mau di wasno wong riwa riwi amarga dalane yo rame wong budhal kerjo,
budhal sekolah, tapi aku wes ora isin soale akeh kanca kanca sing gawe properti iku mau. Sakwise wes totok
SMA, bel wes muni langsung melbu kelas sing wes di atur karo kakak osis e, banjur aku melbu.
Aku meneng ae soale aku ora onok arek sing tak jak ngomong ,jek kaet durung kenal.
Kakak kelas osis melbu kelas ngekeki permainan sing gawe ati seneng lan iso gawe guyu,
dadi gara gara permainan iku mau aku iso kenal karo kanca sakbangkuku.
banjurdinokeloroaku MOS an, akuwesakrabkarokancasakbangkuku.
Nandi nandiwongloro, jajanwongloro. Sakwise iku dino keloro kakak osis ngekeki tugas gawe aku lan kanca kanca liyane
,tugase yaiku njaluk tanda tangan nang kabeh anggota e osis,
tuladha ora njaluk kenek ukuman.
Dadi aku lan kanca sakbangkuku njaluk tanda tangan bareng nang kabeh anggota e osis, pas
njaluk tanda tangan aku lan kanca sakbangkuku dikongkon nyanyi lagu nasional disek,
baru oleh tanda tangan. Dadi aku ambi kanca sak bangku kui kumau nyanyi lagu nasional bareng,
baru oleh tanda tangan teka kakak osis e. dino pungkasan MOS an
ana acara upacara penutupan penrimo ananggota anyar.
Banjur pas dino sabtu minggu ana acara persami sing
dimeloki kabeh siswa kelas siji. Ing acara persami iku aku dikongkon kakak osis e
gowo kayu bakar ,digawe api unggun. Banjur bengine aku nglaksanaake upacara api unggun,
sakmarine upacara api unggun, ana acara pensi.
Wektu iku kabeh siswa dicampur dadi sitok lan dibagi tiap tiap kelompok. Lan saben kelompok
kudu ngetokake pensi. Kelompok kuwektu iku ngetokake pensi joget bareng sak kelompok. Dadi wektu iku gaduwe
rasa isin amarga sak kelompok metu kabeh dadi ngetokake kekompakane.
Lan kelompok liyane ana sing ngetokake pensi nyanyi, moco puisi, nari tradisional lan sapanuggalane.
jam 10
bengi acara pensi wes mari aku lan kanca ku liya liyane dikongkon turu ing kelas kang wes di sediano karo kakak osis
e. banjur dino esuk e aku lan kancaku liya liyane ngumpul bareng nang lapangan,
aku lan kancakancaku liya liyane dikeki sarapan esuk banjur iku dipangan bareng bareng ing lapangan iku mau.
Sak marine marimangan,
aku lan kanca kancaku liyane dikongkon resik resik kelas lan nata bangku sing di
pinggirno, amarga wektu iku kelas e
digawe ngon turu aku lan kanca kanca ku liyane. sakwise resik resik kelas lan nata bangku,
aku lan kanca kancaku liyane persiapan upacara penutupan lan persiapan moleh.
Pas mari upacara penutupan aku lan kanca kancaku liyane di
kongkon lungguh lan nunduk banjur iku disiram banyu kembang,
sakwise disiram aku lan kanca kancaku liyane wes diolehi moleh. Sakwise acara MOS lan iku aku melbu sekolah biasa. Tapi aku pisah mbi kanca
MOS aku iku mau, amarga aku ambi kanca ku iku mau beda kelas. Tapi masio aku ambi kancaku beda kelas
,aku mbi kancaku iku mau isih iso ketemu lek wektu istirahat. Lan sampe sakiki kanca MOSan kubiyen jek apik karo aku lan ora iso lali karo aku.
Cekap sakmenten ingkang bisa kula critaaken, mugi mugi manfaat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar