Jumat, 09 Desember 2016

Olahraga dinten sabtu

       Wektu olahraga menika dinten sabtu aku kaleh kanca – kanca dolanan ball volley lan bal – balan. Wektu volley ana sing tangane lisuh pisan amerga wektu mencolot mudhune ora tepak, adine arek – arek volly nulungi dayat lan ngeterno menyang uks terus sikile dayat dipijet lan dikengken leren ten uks dayat dikongkon turu ben cepet waras
Mantun ngoten wektu istirahat ana arek kelas liya nantang volley ngajak taruhan 300 ewu, pas wektu iku arek – arek wis siap kabeh terus volley. Pas volley arek – arek menang, terus duwite di dumno arek – arek sing melu volley terus dibagi 30 ewuan terus di kabehe digawe jajan bareng, wektu iku arek – arek seneng banget amerga ana sing ora sangu.
Mantun jajan arek – arek balik menyang kelas melu pelajaran , pas ten tengah pelajaran ana razia petalan rambut, pas nang kelasku kanca – kancaku ana sing kena razia iku mau, dipetal rambute dadi elek – elek kabeh. Kancaku atine padha mangkel amerga petalane elek, mantu ngoten kanca – kanca ngelajutake pelajaran tapi bocah – bocah padha ora focus menyang pelajaran amerga atine tasek mangkel gara – gara kena petal
 ana kancaku siji sing pingin nyegat guru sing melu razia mau. Tapi diilingno karo arek wadon nek tindakan niku wau ora apik terus arek – arek padha manut .5 mnit maneh bell moleh arek arek podo siap siap moleh ,truss bell wes muni arek - arek podo ndungo njaluk keselamatan marang gusti allah mari ndungo terus moleh

Rabu, 07 Desember 2016

wiwitan melbu sekolah


TUGAS BAHASA JAWA
CERKAK
WIWITAN MELBU SEKOLAH SMA



 












UPTSP SMAN 1 DAWARBLANDONG
TAHUN PELAJARAN 2016-2017




KARYA XII IPS 1
·        ERWIN YUSTIA NINGRUM / 07
·        INDRIANI SAPTA L / 10
·        SITI CHOIRU ADAH / 30
·        SITI NUR FADHILA / 31


CERKAK

“ wiwitan melbu sekolah SMA “

Sakwise SMP mesti banjur nglanjutaken nang SMA. Lulus saka SMP aku kudu nggolek sekolah kanggo mbanjur kepamulangan menyang jenjang sing luwih dhuwur yaiku SMA. Wektu ikuakubingungarepneruskesekolahnang SMA ngendi.Tapisakdurunge lulus akuwesduweangananganarepsekolahnang SMAN 1 Dawarblandong. Terus pas wes lulus smpakulangsungcobadaftarnang SMA Dawarblandong, orangirolekakuisomelbumrunu, pas delokdaftarsopoae sing melbucalonsiswa SMA. 

Dawarblandong ternyata tenanan aku melu kecateting daftar ikumau. Atiku yo bungah amarga sekolah sing taka ngana ngan ket biyen SMP, orangiro lek aku iso melbu mrunu.
sakwise melbu SMA,  teka kakak osis ngadakno acara MOS. Aku di kongkon gawerok teka tali rafia, gawe topi teka bola, gawe papanjeneng teka kardus aqua lan gawe tas teka kardus ale ale, teh rio. Wektu pembukaan upacara penerimaan siswa anyar, syarat syarat sing di kongkon kakak osis iku mau kudu digawe kabeh kaet ndok omah, amarga aku isin lek gawe properti koyok iku mau kaet ndok omah dadi pas kate totok sekolahan SMA aku baru gawe properti sing dikongkon kakak osis iku mau.
Dadi pas ndok dalan arep totok sekolahan kanca kanca kabe hp ada gawe properti sing dikongkon kakak osis iku mau. Masio pas ndek dalan iku mau di wasno wong riwa riwi amarga dalane yo rame wong budhal kerjo, budhal sekolah, tapi aku wes ora isin soale akeh kanca kanca sing gawe properti iku mau. Sakwise wes totok SMA, bel wes muni langsung melbu kelas sing wes di atur karo kakak osis e, banjur aku melbu. Aku meneng ae soale aku ora onok arek sing tak jak ngomong ,jek kaet durung kenal. Kakak kelas osis melbu kelas ngekeki permainan sing gawe ati seneng lan iso gawe guyu, dadi gara gara permainan iku mau aku iso kenal karo kanca sakbangkuku.
banjurdinokeloroaku MOS an, akuwesakrabkarokancasakbangkuku. Nandi nandiwongloro, jajanwongloro. Sakwise iku dino keloro kakak osis ngekeki tugas gawe aku lan kanca kanca liyane ,tugase yaiku njaluk tanda tangan nang kabeh anggota e osis, tuladha ora njaluk kenek ukuman. Dadi aku lan kanca sakbangkuku njaluk tanda tangan bareng nang kabeh anggota e osis, pas njaluk tanda tangan aku lan kanca sakbangkuku dikongkon nyanyi lagu nasional disek, baru oleh tanda tangan. Dadi aku ambi kanca sak bangku   kui kumau nyanyi lagu nasional bareng, baru oleh tanda tangan teka kakak osis e. dino pungkasan MOS an ana acara upacara penutupan penrimo ananggota anyar.
Banjur pas dino sabtu minggu ana acara persami sing                          dimeloki kabeh siswa kelas siji. Ing acara persami iku aku dikongkon kakak osis e gowo kayu bakar ,digawe api unggun. Banjur bengine aku nglaksanaake upacara api unggun, sakmarine upacara api unggun, ana acara pensi.
 Wektu iku kabeh siswa dicampur     dadi sitok lan dibagi tiap tiap kelompok. Lan saben kelompok kudu ngetokake pensi. Kelompok kuwektu iku ngetokake pensi joget bareng sak kelompok. Dadi wektu iku gaduwe rasa isin amarga sak kelompok metu kabeh dadi ngetokake kekompakane.
Lan kelompok liyane ana sing ngetokake pensi nyanyi,  moco puisi, nari tradisional lan sapanuggalane. jam 10 bengi acara pensi wes mari aku lan kanca ku liya liyane dikongkon turu ing kelas kang wes di sediano karo kakak osis e. banjur dino esuk e aku lan kancaku liya liyane ngumpul bareng nang lapangan, aku lan kancakancaku liya liyane dikeki sarapan esuk banjur iku dipangan bareng bareng ing lapangan iku mau.
Sak marine marimangan, aku lan kanca kancaku liyane dikongkon resik resik kelas lan nata bangku sing di pinggirno, amarga wektu iku kelas e digawe ngon turu aku lan kanca kanca ku liyane. sakwise resik resik kelas lan nata bangku, aku lan kanca kancaku liyane persiapan upacara penutupan       lan persiapan moleh.
Pas mari upacara penutupan aku lan kanca kancaku liyane di kongkon lungguh lan nunduk banjur iku disiram banyu kembang, sakwise disiram aku lan kanca kancaku liyane wes diolehi moleh. Sakwise acara MOS lan iku aku melbu sekolah biasa. Tapi aku pisah mbi kanca MOS aku iku mau, amarga aku ambi kanca ku iku mau beda kelas. Tapi masio aku ambi kancaku beda kelas ,aku mbi kancaku iku mau isih iso ketemu lek wektu istirahat. Lan sampe sakiki kanca MOSan kubiyen jek apik karo aku lan ora iso lali karo aku. Cekap sakmenten ingkang bisa kula critaaken, mugi mugi manfaat.

Rabu, 30 November 2016

berburu ssaat liburan



Image result for gunung pucanganAJAK MENYANG GUNUNG PUCANGAN

Pas wayahe preian sekolah ana bocah papat yaiku Ahmad , Karji,Bagong,lan Rudi nggekek kesibukan kanggo ngiri preian sekolah.Bocah papat iku mau ngerencanakno ape budal ngajak menyang gunung pucangan amergi ten mriku katah kewane lan dereng katah tiyang sing semerap, terus bocah papat iku mau badhe ngerencanaake persiapan kanggo ngajak.
Pas isuk bocah papat iku mau ngelumpukaken barang – barang terus di tiliki be’e wonten sing keliwatan, sakwise di tiliki lan barange jangkep kabeh bocah papat iku budal bareng menyang gunung pucangan. Sakwise tenmriku Ahmad ngeculaken asune damel ngelacak kewan buruane, sakwise di culno kabeh podo ngetutno Asu iku mau, tapi pas wayae seru serune Karji Ilang ing tengah alas. Ahmad, Rudi lan Bagong podo bengong goleki Karji.
Sampek di enteni sampun sore Karji dereng kepetok, sue suene ahmad krungu suarane wong jalok tolong, terus bagong krungu pisan akhire bocah telu iku mau marani suara iku mau, tibake Karji nangis lan jalok tulung ndek dukure Uwit amargi wedhi di godak Celeng. Akire boca telu iku mau podo guyu cekikikan, terus Karji di rewangi  mudun teko Uwit terus bocah papat iku mau mulih gowo Tangan kosong, Tapi gak nok seng sedih amergi, lucu nyawang Karji gak iso medun teko Uwit goro-goro di ajak celeng.

Kamis, 24 November 2016

                        Mancing Perkara

     Ing dina senen aku karo kanca kanca kancaku mbolos sekolah amerga wis semayanan kate mancing. Aku karo kanca kancaku langsung budal nang jublange wong. Ing perjalanan aku lan kanca kancaku numpak sepeda bleyar bleyer. Gara gara bleyar bleyer aku karo kanca kanca dibragali wong ambi krai. Aku langsung tiba gara gara krai sing dibragalno pas kenek ndasku. Aku akhire ndelosop ing kalenan. Senajan aku ndelosop, aku tetep seneng amerga ing kunu akeh cacinge. Cacinge terus tak klumpukno gawe umpan iwak. Terus aku karo kancaku budal nang jublang.
     Suwe titik aku karo kanca kancaku totok ing junblang terus langsung mancing. Oleh 15 menit ngenteni aku oleh yuyu kangkang guwede terus kancaku sing jenenge Jepri oleh kodok ijo. Aku karo kanca kanca sueneng amerga wis oleh yuyu ambek kodok. Gak suwe umpane Furqon obah obah, tibane pas dibatek oleh welut. Pas mbatek welut Furqon kurang titik kejegor jublang, slamete onok Jepri sing mbatek Furqon. Furqon sueneng oleh welut.
     Mari Furqon oleh welut ganti Farid sing umpane dipangan iwak. Sanganane gedhe soale pancinge sampek melengkung, dadakno pas dibatek Farid oleh sapi wedok,tibane teng mriku onok wong ngedusi sapi. Sakmarine mancing  aku karo kanca-kanca moleh nang omahe farid . Ing omahe farid aku karo kanca-kanca nunuh yuyu,welut ambek kodok ijo . Sakmarine mateng langsung digadoh rasane uwenak tapi sakmarine gadoh aku karo kanca-kanca keroken amergo keroken kanca-kanca mulih istirahat ing omahe dewe-dewe.